Sabtu, 09 Juli 2011

AJI GUNA GUNA "Setan Kober"

Kanggo miwiti nindakake adji iki, kudu ing dina Senen. Ing dina iku kudu adus kramas lan mutih, ing dinane Kemis djam 6 esuk, djam 12 awan, djam 6 sore lan djam 12 bengi, kudu matek mantra kang kasebut ing ngisor iki, kanti adedupo. ing sadjroning sedina sawengi iku, ora keno madang lan ngombe... Laku iku keno di ambali, utawa kabandjurake ing dinane Djum'at.. ikilah mantrane:
" Bismillahi-rrohmani-rrohiimi. nijatingsun matak adjiku Sang Setan Kober, gelem Sang sun kongkon, ora gelem Sang sun kongkon, lebonana guwa garbane si ...(kasebutno jenenge wong kang di arah)..., wolak waliken djantung atine, remet2en limpane, kerik2en sikile, ketemu turu tangekna, ketemu tangi djagongna, ketemu djagong adeg-na, ketemu ngadeg lakokna, ketemu mlaku endegna, ketemu mandeg linggihna, karepna maring aku rina lan wengi , adja maneh djabang bajine si...(anu)... ora welas-asiha marang aku, djin alus pada manut marang aku, setan, danjang, prajangan ja pada welas asih marang aku, si....(anu)... asih welas, welas asih, asih marang djabang-bajiku, asih welas, welas asih karsane Alloh, La ilaha ilallah, Muhammad Rasulullah".
Lan ing ngandap puniko mantra kagem paring usodo tijang ingkang ketaman adji Setan Kober, utowo sapanunggale.. Ikilah mantrane: "Bismillahirrohmanirrohiim, ati, ati, sun tangija, tjagak djati tjumantel pulung ati, bjar trawangan karsane Alloh, jahu jalloh, Muhammad Rasulullah". mantra kawatek 3 rambahan.. mugi2 mbekto manfaat..

1 komentar: